Fabio Capello

Fabio Capello
Pambiwara Pribadi
Tanggal kalaheran (1946-06-18) Juni 18, 1946 (umur 77)
Tlatah kalaheran San Canzian d'Isonzo, Italia
Posisi pamainan Manager
Informasi klub
Klub mangsa iki Inggris (Pelatih)
Karier senior*
Taun Tim Tampil (Gol)
1964-67
1967-69
1969-76
1976-79
SPAL
A.S. Roma
Juventus
A.C. Milan
? (?)
? (?)
239 (41)
? (?)
Tim nasional
1972-76 Italia 32 (8)
Kepelatihan
1991–1996
1996–1997
1997–1998
1999–2004
2004–2006
2006–2007
2007–
A.C. Milan
Real Madrid
A.C. Milan
A.S. Roma
Juventus
Real Madrid
Inggris
  • Penampilan dan gol di klub senior hanya dihitung dari liga domestik .


Fabio Capello (lair ing San Canzian d'Isonzo, Gorizia, 18 Juni 1946; umur 77 taun) yaiku pelatih bal-balan paling apik sadonya ana ing sajarah bal-balan. Wiwit sasi Juli 2006 Capello dadi pelatih Real Madrid, klub kang tau dilatih ing mangsa 1996/97, nanging dipecat nalika tanggal 28 Juni 2007.

Jeneng Capello dadi misuwur nalika isih nglatih AC Milan saka taun 1991 nganti tekan taun 1996. Nalika nglatih AC Milan, Capello uga bisa ngalahaké tim saka Indonésia yaiku Persib Bandung kanthi kasil kang ora sethithik yaiku 8-0 ana ing Stadion Utama Gelora Bung Karno, Jakarta, taun 1995 ana ing laga kang duwé tajuk tetandhingan persahabatan. Milan menangaké papat gelar yaiku Seri A lan siji gelar Liga Champions ana ing jaman semono. Setaun ana ing Madrid, banjur Capello balik manèh menyang Milan ing mangsa 1997/98, nanging kurang kasil kaya taun sadurungé. Taun 1999 Capello pindhah kanggo nglatih AS Roma, lan Roma bisa juwara Seri A ing mangsa 2000/01. Saka taun 2004 nganti tekan taun 2006, Capello uga tau nglatih Juventus. Saiki Capello éntuk kapercayan kanggo nglatih tim nasional Inggris ana ing Piala Donya 2010 kang manggon ana ing Afrika Kidul. Capello dikontrak nganti tekan taun 2012 déning fédherasi bal-balan Inggris utawa FA.

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i m.bola.net
  2. "Real Madrid sack manager Capello". BBC Sport. 28 Juni 2007. Dibukak ing 2007-06-28.